Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo

Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo - Hallo semuanya Pembaca Berita, Pada postingan berita kali ini yang berjudul Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo, telah di posting di blog ini dengan lengkap dari awal lagi sampai akhir. mudah-mudahan berita ini dapat membantu anda semuanya. Baiklah, ini dia berita terbaru nya.

Judul Posting : Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo
Link : Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo
ATUR SAPALA ( PRA WACANA )

Ingkang sepisan kula lan sedherek tiyang ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT kagem sadaya nikmat lan rahmatipun saengga kula sadherek saged ngrampungaken karya tulis punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken karya tulis punika.

Wonten makalah punika kula nyriosaken babagan Mitoni. Ingkang wonten penggalih kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan Mitoni.

Mugi-mugi tulisan punika saged kagem renungan kula panjenengan sedaya. Bener punika saking Allah SWT, ananging menawa lepat punika saking kula, kula nyuwun pangapunten.








Matur nuwun,





  


BAB I
PAMBUKA



  1. Wigatosing Rembag
Mitoni iki kalebu tradisi lan budaya ingkang kiat lan turun temurun tumrapipun para wong jawa.

Sajatosipun tradisi kala wau tuwuh saking kapitadosan masyarakat satunggaling tlatah dhumateng kabudayaan.

Salah satunggaling tradisi wonten ing daerah jawa inggih menika mitoni. Mitoni iku dikenal marang rakyat jawa dangu lan ndalu.

Pramila saking menika, wonten makalah menika menika badhe kaandharaken babagan kebudayaan mitoni.

  1. Bab-bab Ingkang Wigatos Dipun rembag
Sak sampunipun kita maos lan mreksani wigatosing rembag, inggih menika babagan mitoni, kita saged nemokaken masalah-masalah ingkang saged tuwuh saking pirembagan babagan mitoni menika.
1.      Pengertian Mitoni
2.      Tujuanipun Mitoni
3.      Syarat-syarate Mitoni
4.      Rangkaian Mitoni
5.      Wektu dilaksanakake Mitoni






BAB II
ISI



1. Pengertian Mitoni

Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu meteng 7 sasi.

2. Tujuane Mitoni

Tujuane kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).

3. Arti Mitoni

Jabang bayi umur 7 sasi ku wis duwe raga sing sempurna, dadi miturut pengertian wong jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses penciptaan manungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa sapta kawasa jati.

 4. Syarate Mitoni

** Bubur 7 macem

Campuran 7 macem : (1) bubur abang, (2) bubur putih, (3) abang ditumpangi putih, (4) putih ditumpangi abang, (5) putih disilang abang, (6) abang disilang putih, (7) baro-baro (bubur putih sing nduwure di wenehi parutan klapa lan gula jawa).

Bubur putih di pangan dening calon bapak, bubur abang dipangan dening calon ibu. Bubur sing liyane di pangan dening sakeluarga.

** Gudangan Mateng

** Nasi Megono

** Jajanan Pasar

Biasane isine 7 macem panganan jajanan pasar tradisional.

** Rujak

** Ampyang

** Macem-macem Kolo

Kolo kependem (kacang tanah) lan Kolo merambat (tela).

** Ketan

Ketan digawe bunderan kaya bal bekel (diameter 3-4 cm) warna putih, abang, ijo, coklat, lan kuning.

** Tumpeng Sega Putih

** Endog

Endog ayam 7.

** Gedhang

Gedhang raja lan gedhang raja pulut ijen-ijen.

** Tumpeng 7 Macem Warna

Rangkaian Acara

Kangge upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara Ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endog pitik kampong neng njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endog lan terakhir kedhuren.

Acara siraman mung diselenggarakake kanggo mitoni anak pertama.

Wektu

Miturut adapt jawa mitoni iku kudhu diselenggarakake neng dina sing bener-bener apik, yaiku dina senin awan kanthi bengi utawa dina jumah awan kanthi bengi.






BAB III
PANUTUP


1. Dudutan

Mitoni iku asale saka tembung pitu. Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu meteng 7 sasi.

Tujuane mitoni kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).

2. Pamrayogi

Mitoni inggih menika kalebet kebudayaan ingkang adiluhung tilaranipun para leluhur kita. Kita kedah jagi kebudayaan mitoni kalebet ciri khas daerah ingkang daerah kita. Ampun ngantos mitoni menika kapendet dening kebudayaan adat jawa.




Demikianlah Info postingan berita Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo

terbaru yang sangat heboh ini Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo, mudah-mudahan bisa memberi manfaat untuk anda semua. baiklah, sekian info artikel kali ini.

Anda sedang membaca posting tentang Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo dan berita ini url permalinknya adalah http://nyimakpelajaran.blogspot.com/2017/09/makalah-dalam-bahasa-jawa-mitoni-ing.html Semoga info lowongan ini bisa bermanfaat.

Subscribe to receive free email updates:

1 Response to "Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo"

  1. Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo - Nyimakpelajaran Net >>>>> Download Now

    >>>>> Download Full

    Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo - Nyimakpelajaran Net >>>>> Download LINK

    >>>>> Download Now

    Makalah Dalam Bahasa Jawa - Mitoni Ing Budoyo Jowo - Nyimakpelajaran Net >>>>> Download Full

    >>>>> Download LINK ZE

    BalasHapus